Seni Tradisional Pinangka Kabudayaan Adiluhung
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh,
Alhamdulillahirobbil 'aalamiin washalatu wasalamu 'ala asrofil ambiya'i wal mursalin wa 'ala alihi washohbihi ajma'in. Asyhadu ala ilaha illallah wa asy hadu anna Muhammadarrasulullah, amma ba'du.
Nuwun! para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten.
Para pengemban pengembating negari ingkang dados pangayomaning sesPami,
dalah sanggyaning bapak ibu pambijining lomba ingkang kinurmatan.
Keparenga kula matur nun inggih kanthi irah-irahan “Seni Tradisional Pinangka Kabudayan Adiluhung.”
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ilahi robbi
ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayahipun,
mliginipun kasugengan saha kalodhangan,
saengga kulo lan panjenengan sedaya saget mekempal manunggal wonten papan menika.
Mugiya lumintu pudyastawa tumrap kita sedaya, kinanten kawilujengan nir ing sambikala.
Ing pangajab ngantos sak paripurnaning wigatos menika tansaha sarwa-sarwi rancak satemah pikantuk kawilujengan saking ngarsa dalem Allah SWT.
Allohuma... Amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha para rawuh.
"Seni tradisional Pinangka Kebudayan Adiluhung" menika sampun dados kagunganipun sedaya masyarakat nuswantara inggih Indonesia menika.
Seni-seni budaya tradisi taksih sami dipun remeni.
Bangsa-bangsa manca negari sami remen sanget. Jepang, Belanda, Amerika, Australi. Kathah ingkang kepilut. Kayungyun sami sinau wonten ing ngayogyakarta hadiningrat. Kepara kathah ingkang dados waranggana saestu, saestu inggih tho pak?
Menika pratandha bilih seni tradisi menika, nyata-nyata sae, ngremenaken, kalebet budaya ingkang adiluhung.
Tegesipun adi menika sae,, luhung menika luhur, linuwih
Saben-saben dhaerah utawi saben saben suku kagungan seni budaya tradisi piyambak piyambak. Sedaya wau nggadahi ciri khas piyambak piyambak sedaya elok-elok lho. Cobi panjenengan mriksani tari bali! Wah..., jan hem inggih tho pak ? Bu?...
(audiens jawab: ....Inggih)
Bapak-bapak ibu-ibu ingkang tansah kula kurmati.
Menawi wonten upacara-upacara menapa malih dinten ageng pengetan dinten proklamasi 17 Agustus.
Sedaya masyarakat ngawontenaken pengetan kamardikan ngedalaken tari-tarian, wayangan, kethoprak, reyog, jathilan lan sak panunggalanipun ngantos mboten saget kula piji-piji setunggal-setunggalipun. Inggih menika nedhahaken raos syukur dhateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Allah SWT ngendika : wamayyasykur fa innama yasykura liinafsih
Tegesipun : lan sapa wonge kang syukur marang Allah mula sejatine dhwekke syukur kanggo awakke dhewe. Firman Allah surat Al Lukman ayat 12.
Maksud ayat menika mensyukuri kenikmatan Allah, kesaenan menika badhe wangsul maleh dhateng awakipun piyambak-piyambak.
Bapak-bapak ibu-ibu saha para rawuh ingkang kinabekten.
Masyarakat ngayogyakarta hadiningrat, saha sak kiwa tengenipun saget kawastanan tuk ing seni budaya tradisional, gendhing-gendhing, uyo-uyon, yen midhanget ngaten menika wah jan liyer-liyer. Raose sekeca sanget, ayem! Nggih ta?
Menapa malih menawi mriksani gamelanipun timata rapi, manut papan lan patrapipun. Dene penabuh utawi para paraga menika naminipun pradangga utawi yoga, pesindhen utawi waranggana, ingkang kakung wiraswara.
Bapak-bapak ibbu saha para rawuh ingkang kula bekteni
Wonten firman Allah surat Assaba ayat 15. Mekaten :
Lagod kaana lisaba in fimaskanihim aayaatun jannataini an yaamiinin wasimalin. Kuluumin rizqi robbikum wasykuruulaha baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuurun.
Tegese : saktemene tumrap kaum saba ana tandha (kekuwasane pangeran) kang ana ing papan panggonane dhewekke kabeh yaiku (wujude)
Kebonan loro ing sisih tengen lan ing sisih kiwa (marang dhewekke kabeh diucapake). Padha mangana sira kabeh saka rejeki kang (diparengaken) pangeran ira lan padha syukuran marang panjenengane (negara ira) iku negara kang bagus (subur) lan pangeranira iku pangeran kang maha pangapura.
Maksudipun kebon ing kota sabak menika kabelah dados kalih kiwa tengen wnten lepen ageng saengga sitinipun subur pramila tiyang-tiyangipun mboten wonten ingkang miskin ayat kala wau paring pepenget supados mensyukuri kenikmatan saking Allah arupi asil bumi lan negeri ingkang sae. Sangking remenipun raos syukur masyarakat atur syukur mawi arupi kesenian.
Tuladhanipun nanggap ringgit purwa. Ringgit purwa menika kesenian ingkang ugi edipeni adiluhung. Reratanipun nggambaraken tiyang gesang ing menika lan ugi kagem dakwah agami islam manut critanipun negeri ngestina mengsah kaliyan pandhawa. Dene pandhawa menika..
Punta dewa: kagungan jimad kalimasada "asyhadu ala ila haa ilallah" alus jujur
Werkudara : kagungan kuku pancanaka gagah perkasa ngentasi karya. Jujur.
Janaka : janaka saking basa arab jannah . Suwarga. prihatin ngenteni karya
Nakula : pinter cerdas
Sadewa : pinter kathah akalipun
Pandhawa nggambaraken kesaenan. Kasuwargan.
Wondene kurawa,
Dipun gambaraken/ rai abang gadhah siung, tutuk ngoblak, watak angkara murka. Deg sura, gampil nesu, amarah, aluamah, mboten nggadhahi welas asih marang sapadha-padha.
Bapak ibu saha para kanca ingkang saestu dipun mulyakaken Allah.
Carios ringgit kalawau saestu seni tradisi ingkang sae. Ingkang adiluhung.
Bapak-ibu menapa malih wonten ngarsanipun bapak, ibu pambijining lomba. Kanthi seni tradisional ingkang katindhakaken sedaya wau mboten wonten ingkang nalisir saking paugeran ing agami. Menapa malih keraton ngayogyakarta hadiningrat. Wonten mawarni-warni budaya ingkang luhur.
Tuladhanipun sekaten setunggal tahun sepindhah ingkang pokok dakwah agami islam mawi upacara ingkang saestu edipeni. Sekar macapat menika wonten sewelas cacahipun. Menawi dipun urutaken dados catetan tiyang gesang ugi
Mijil, bayi lahir
Kinanthi dipun kanthi, lare alit
Tembang kinanthi kados dene :
Kang a ran bebuden luu huur
Dudu pangkat duuudu ngeelmi
Uga dudu kapinteeraan
Lan duudu pa ra winasis
Apa maneh kasuugihan
Nanging mung sucining aatii
Sinom, sinom injeh menika lare sampun ageng utawi nom-noman
Asmarandana, lare ingkang sampun nggadahi pepenginan utawi asmara.
Lajeng dhandang gula ngantos dumugi pangkur, megatruh,
Lajeng tiyang menika dipun pocung!
Mekaten seni tradisional pinangka kabudayaan adiluhung,
pramila mangga-mangga sami kersa nglestarekaken budaya kita. Sampun ngantos budaya ingkang luhur menika risak lan ical mboten kantenan. kanthi seni tradisional ingkang luhur saha linuwih menika bangsa kita ugi dados bangsa ingkang luhur. Masyarakat tata, titi tentrem gemah ripah kerta tur raharja.
Kanthi irah-irahan menika mugi-mugi negara kita "baldaatun Thoyyibatun wa rabbun ghoofurun"
Bapak ibu mekaten ingkang saged kula aturaken kopat janure tuwa kathah lepat nyuwun pangapura. Kopat bumbune santen kathah lepat nyuwun pangapunten. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti. Nuwun-nuwun.
Wassalamu'alaikum warahmatullaahiwabarakaatuh.